-->

Satleraman Maos Novel Alun Samudra Rasa (2015) Ardini Pangastuti

Disampaikan pada acara bedah buku (novel) yang diselenggarakan oleh SSJY pada 9 Agustus 2015 di Balai Bahasa DIY.
1.  Para sutresna basa lan sastra Jawi, setunggal malih sampun kababar novelipun Mbak Ardini Pangastuti, Alun Samudra Rasa, ingkang kacithak dening penerbit Suryasamudra, Ngayogyakarta, Mei 2015. Novel menika mujudaken novel ingkang kaping sekawan, lan novel ingkang sampun kababar saderengipun, inggih punika Bumerang, Nalika Prau Gonjing, lan Lintang. Novel ingkang badhe kababar malih Kajiret Jaring Sutra, Tangis Biru, Rembulan Wungu, Kidung Sukma Larasing Jiwa, Pilihan, lan sanes-sanesipun.
2.  Maos novel Alun Samudra Rasa estu kula rumaos mongkog sanget. Liripun, katitipriksa wujudipun, Mbak Ardini estu kagungan napas ingkang landhung, menika ketingal saking kandelipin novel 341 kaca. Lan malih, menawi katitipriksa saking caranipun crita, Mbak Ardini kados pidamel cara enggal, inggih menika saben perangan kawiwitan kanthi guritan. Kula kraos bilih guritan wonten ing saben perangan menika mujudaken inti crita wonten ing perangan menika. Cobi kita raosaken sesarengan. Mbok bilih, menawi guritan menika pun pethil-pethil, lajeng pun dadosaken setunggal lan kawaos piyambak kanthi urut, kadosipun sampun sami kaliyan maos novel menika.

3.  Nanging, emanipun, rikala kula maos novel menika kanthi premati, wonten sekedhik ingkang kraos ngganjel, mliginipun babagan basa. Kula pitados bilih basa ingkang karacik dening Mbak Ardini menika sampun sae, alus, lan mujudaken menawi piyambakipun estu trampil nyerat. Namung, taksih wonten basa Indonesia ingkang sejatosipun saged dipun racik ngangge basa Jawi. Babagan menika sah-sah kemawon, nanging kok raos nges-ipun rade pripun.... Lan ugi, kados editoripun kirang njlimet awit kaca 2 wonten ingkang saruuuuu... ha ha ha.

4.  Para sutresna basa lan sastra Jawi, menawi novel menika katinting saking isinipun, kraos sanget bilih Mbak Ardini menika estu Jawi sanget, ingkang suka paring pitedah dening sesami (liyan), magepokan kaliyan babagan bebrayan. “Iki lho, nek wis rabi ki yo mbok aja kaya ngono kuwi. Nikah lagi 4 taun wae wis padha ora nggenah. Mbok ya dipikir kanthi mateng lan tenanan. Sing wis kebacut ya wis, sing baku piye carane ngadepi dina-dina kang bakal klakon. Harataya... nek pegatan ngono kuwi yo njur mesakake anake to...” Lan malih, pitedah menika karacik wonten ing crita ingkang gampil katampi, mboten dakik-dakik, cetha sanget.

5.  Nanging, awit saking menika, awit saking samudayanipun sampun cetha, kados-kados ingkang gegayutan kaliyan menthes mbotenipun menika, pancen sastra Jawa mboten saged uwal saking sipatipun ingkang romantik melodramatik. 

6.  Para sutresna basa lan sastra Jawi, wonten ing novel menika, kula kraos bilih naratoripun tumindak dados “dewa” ingkang pirsa sedayanipun. Nanging, menawi pikantuk kula sebat bilih narator menika panyeratipun piyambak (Mbak Ardini), lan Mbak Ardini menika estu sanes “dewa” nanging namung jalma sawantah jinising wanita, pramila anggenipun njlentrehaken watak-watakipun priya kados wonten ingkang kados pundi....ngaten lhoo.

7.  Para sutresna, kula kinten, menawi dipun tinting kanthi tebih, kula kraos bilih Bregas Jatmiko menika namung dados korban kapitalisme. Saged dipun wastani makaten awit ingkang dados underan prekaos piyambakipun menika inggih namung bandha-donya. “Arep mulyaake anak bojo wae direwangi nyambut gawe rina wengi, pindhah-pindhah gawean, supaya age-age oleh pikoleh sing gedhe lan supaya dianggep migunani kanggo keluarga. Nanging amarga kuwi kabeh wis kedhisikan bojone, Intan Purnami, lan pikolehe bojone luwih gedhe, banjur kaya kebrongot jenggote, nesu, ngamuk.” Nah, kedadosanipun, perang brantayuda. “Kok ya le gamping ngono lhoo...”.

8.  Para sutresna, kula kinten, menawi dipun tinting kanthi tebih ugi, kula inggih kraos bilih Intan Purnami menika namung dados korban feminisme. Pun wastani makaten awit saking paugeran bilih wanita menika jejering jalma ingkang mboten benten kaliyan priya, lajeng gampil sanget anggenipun “purik” amargi dipun “tapuk” kakungipun. “Kamangka loro-lorone sarjana, kabeh padha pinter, isa padha rembugan apik-apik. Ora njuk gaman kang dingo, sithik-sithik KDRT. Intan ki rak wanita Jawa too? Didelok seka keluargane kayane yo Jawa banget...priyayi... ngerti apa kang kasebut sareh lan sabar.” 

9.  Para sutresna, sepisan malih, novele Mbak Ardini menika landhung. Nanging, menawi dipun tingali saking bakuning crita, kula kraos kados crita cekak kemawon. Awit, critanipun makaten: na Semarang, gara-gara padu, Intan purik nyang wong tuwane (Jogja). Na Jogja Intan ketemu tilas pacare (Pramudita). Bali na Semarang, Intan-Bregas njuk pegatan. Bali na Jogja, Intan bukak usaha kabantu dening Pramudita. Pungkasane, Ines, bojone Pram, nesu. Rampung.”

10.  Para maos, estu mboten klentu menawi crita novelipun Mbak Ardini menika gampil sanget dipun tampi. Pas sanget kangge patuladan (ironi), kangge kaca benggala, babagan bebrayan. Awit, panyerat mboten ngracik crita kanthi landhesan filsafat. Sadrema crita menapa wontenipun ingkang saged dipun serep lan dipun tingali kanyatan padinan (menika sampun kathah dipun mot wonten koran-koran, majalah, lan televisi). Mbok menawi, jan-janipun, langkung sae, langkung manteb, langkung jero, menawi --mugi-mugi kemawon samangke-- Mbak Ardini ugi nglandhesi novel-novelipun ngagem landhesan filsafat, mliginipun filsafat Jawi menapa dene filsafat manungsa umumipun.

11.  Menika namung satleraman, mboten ateges paring panyacat, ing pangancas Mbak Ardini mboten goreh. Matur nuwun.

Ngayogyakarta, 9 Agustus 2015


Berlangganan update artikel terbaru via email:

TULISAN TERPOPULER

CARI JUGA DI LABEL BAWAH INI

Antologi Cerpen (59) Antologi Esai (53) Penelitian/Kajian Sastra (43) Antologi Puisi (40) Cerita Anak (25) Penelitian/Kajian Bahasa (25) Sastra Jawa Modern (20) Sastra Indonesia-Jogja (14) Antologi Drama (13) Budi Darma (13) Ulasan Buku (13) Kritik Sastra (12) Proses Kreatif (12) Esai/Kritik Sastra (11) Pembelajaran Sastra (11) Kamus (10) Pedoman (10) Prosiding Seminar Ilmiah (9) Antologi Features (8) Cerita Rakyat (8) Mohammad Diponegoro (8) Jurnal (7) Membaca Sastra (7) Religiusitas Sastra (7) UU Bahasa (7) Antologi Artikel (5) Bahan Ajar (5) Kongres Bahasa (5) Nilai-Nilai Budaya (5) Artikel Jurnal Internasional (4) Bahasa/Sastra Daerah (4) R. Intojo (4) Seri Penyuluhan Bahasa (4) Sistem Kepengarangan (4) Telaah Dialogis Bakhtin (4) Ahmad Tohari (3) Antologi Biografi (3) Antologi Dongeng (3) Danarto (3) Ensiklopedia (3) Gus Tf Sakai (3) Konsep Nrimo dan Pasrah (3) Korrie Layun Rampan (3) Pascakolonial (3) Penghargaan Sastra (3) AA Navis (2) Antologi Macapat (2) Dinamika Sastra (2) Festival Kesenian (FKY) (2) Film/Televisi Indonesia (2) Glosarium (2) Kuntowijoyo (2) Majalah Remaja (2) Novel Polifonik (2) Pemasyarakatan Sastra (2) Sastra Jawa Pra-Merdeka (2) Seno Gumira Adjidarma (2) Telaah Intertekstual (2) Umar Kayam (2) Abstrak Penelitian (1) Artikel Jurnal (1) BIPA (1) Bahan Ajar BIPA (1) Budaya Literasi (1) Cermin Sastra (1) Ejaan Bahasa Jawa (1) Etika Jawa (1) FBMM (1) Gerson Poyk (1) Herry Lamongan (1) Iblis (1) Iwan Simatupang (1) Jajak MD (1) Jaring Komunikasi Sastra (1) Kaidah Estetika Sastra (1) Karier Tirto Suwondo (1) Karya Tonggak (1) Kebijakan (1) Motinggo Busye (1) Muhammad Ali (1) Muryalelana (1) Novel (1) Olenka; Budi Darma; Bakhtin (1) Posisi Teks Sastra (1) Puisi Tegalan (1) Putu Wijaya (1) Salah Asuhan (1) Sastra Balai Pustaka (1) Sastra Non-Balai Pustaka (1) Sastra dan Ekonomi Kreatif (1) Sastra dan Imajinasi (1) Sastra dan ORBA (1) Sastra dlm Gadjah Mada (1) Sejarah Sastra (1) Studi Ilmiah Sastra (1) Studi Sastra (1) Syamsuddin As-Sumatrani (1) Teater Modern (1) Telaah Model AJ Greimas (1) Telaah Model Levi-Strauss (1) Telaah Model Roland Barthes (1) Telaah Model Todorov (1) Telaah Model V Propp (1) Telaah Pragmatik (1) Telaah Sosiologis (1) Telaah Stilistika (1) Teori Sastra (1) Teori Takmilah (1) Turiyo Ragil Putra (1)

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel